
Berita Lain
|
Tegal Tambah Rame Malem minggu (28/4) neng alun-alun rasane beda karo malem-malem sedurunge. Ora beda kepriben, sekelilinge alun-alun resik nemen dipasangi penjor sing dilombakna pesertane sing kelurahan...dalan-dalan resik kabeh...kaya arep dilewati presiden. Rencanane bar maghriban kiye ana arak-arakan puncake hari dadine Kota Tegal. Arak-arakane beda karo biasane soale bengi tur pesertane ora sembarangan. Soale wis dipilih bocah-bocah sekolahan, pegawe karo pulisi ya ana nggo dadi peserta Tegal Pesisir Carnival sing mengkone nganggo batik tegalan karo peserta karnaval sing Rumah Carnival Solo sing ajib nemen penampilane. Ora mung kuwe tok mengko arak-arakane sing dimulai neng ngarepe kantor Dewan terus ngidul nglewati dalan Veteran-A.Yani-Diponegoro-Kartini-KH.A.Dahlan terus maring Alun-alun. Mengkone pesertane lenggak-lenggok...megal-megol ngikuti musik sing dipasang sepanjang dalan sing dilewati karo sorotan lampu dadi bengi kayong awan. Sing dadi gumune mengko Walikota, Wakil Walikota, Sekda sampe Lurah melu mlaku sedawane dalan arak-arakan. Ora tur kuwe tok. Ana maning sing dadi tambah ramene Tegal, Machingband Cendrawasih Akpol sing terkenal arep melu ngramekna arak-arakan sing arep tampil kebolehan live performance neng alun-alun terakhire. Bubaran kuwe aja pada balik ndingin. Alun-alun tambah rame terang langite soale arep diterangi kembang api sing spektakuler nggo nutup acara kiye. Sekabehe kuwe dudu nggo mbuwang-mbuwang duit tok apa maning royal-royalan tapi anane nggo menghibur wargane tur maning agenda kaya kiye bisa mbangkitna ekonomi kerakyatan sing bisa nambah sejahterane rakyat Kota Tegal. Tulih Kota Tegal tambah terkenal maring ndi-ndi. Wong luar kota pada teka neng Tegal, nginep neng Tegal...ngrasakna suwasana Tegal..panganan asli Tegal. Wis pokoke Tegal tambah rame. |






![]() | Today | 50 |
![]() | Yesterday | 139 |
![]() | This week | 50 |
![]() | Last week | 1125 |
![]() | This month | 3634 |
![]() | Last month | 6574 |
![]() | All days | 126138 |
Home | RSS Feed Copyrigth © 2010 Dishubkominfo Kota Tegal